Guyon musim u(e)dan

Toing : oalah dhe aku urip pisan ae kok mbok gawe Nelongso(karo ngelus ngelus bathuk'e) Tukang suwuk : yo sabar iku wes dadi garis tanganmu ora iso di ubah ubah,,,, lha penjalukmu opo to ing..?? Toing : aku sak iki wes di putus karo Tukiyem,,, mbok aku di golekne cewek sak lione Tukiyem Tukang suwuk : jajal pengen weroh cewek sing mok idamke koyok opo,,,?? Toing : aku kepengen duwe cewek rambute dowo lurus rebondingan, irunge mancung, Padat berisi,,,,, walah,,, pokok semok, tanahe ombo, duwite akeh Tukang suwuk : nek karo inul tonggo sebelah omah gelem ora (kik...kik...kik...guyu ngenyek) Toing : Dhe ora usah guyon, inul iku rebondingan rambute,, tapi untune yo dowo rebondingan,, Tukang suwuk : nek karo paijem sing mancung iku piye,,,,?? Toing : Mancung sih mancung,,, bathuk'e ae ombo koyok lapangan senayan Tukang suwuk : wes ngene wae kowe tak wei nomer Hanphone cewek singok idamke,,,, gelem ora,,,,?? Toing : gelem dhe matur suwun (karo guling guling neng dalan) Tukang suwuk : iki nomere 08585******* jeneng cewek iku SRI,,, wes yo Aku tak nglanjutke macul disek,,, Toing : wes beres dhe,,, **Bengi kuwi Toing nyiapne kopi rokok siap nelpon (Toing bayangne,,,, wah sing jenenge Sri iki mesti montok,,, jan pinter tenan tukang suwuk ki,,, karo mesam mesem) Sri : kring...kring...kring,,, halllo ik...ik..iki so so sopo,,,?? Toing : aku mas Sebastian toing,,, iki bener karo mbak sri to,,,?? Sri : be...be..bener mas,,, jenengku SRINTEL,,, o...o...ojo nyelok mbak to,,, aku malah isin,,, Toing : opo di celok sayang,,, sri : o...ojo to mas aku isin Toing : opo tak celok beby wae lah,,, Sri : ojo to mas aku tambah isin,,,, Toing : Wes iki sing terakhir tak celok darling Sri : ojo ngo...ngono mas celok jenengku biasa wae Toing : lha trus aku kon nyeluk piye,,,,? emange kenopo,,,? Sri : sampean nyelok ae,, . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . MBAH SRI,,,, UMURKU KI WES 95Thn,,, ** Toing langsung guling ketiban kursi ngasi ndase benjol gedene sak bakpao,,,** Toing : DHE KOWE KOK TEGO NGENEHI SING WIS MAMBU LEMAH,,,, (nangis karo ndilati lawang),,, ,

Related Posts



0 Balasan Ngopot:

Post a Comment